Wewacan #1

Pangerten

Saben uwong mesthi tau maca, malah asring. Ono ing KBBI (Kamus Besar Bahasa Indonesia) online tinulis menawa membaca adalah kegiatan melihat serta memahami isi dari apa yg tertulis (dengan melisankan atau hanya dalam hati). Saka arti kamus iku, bisa kapethik pangerten menawa maca iku laku manthengi “apa kang tinulis”, yaiku tulisan kang maujud saka aksara lan angka, utawa gabungan kalorone, kang kabeh mau kasebut wewacan.

Nalika lagi nglakoni laku maca, paling ora ana rong perkara sing isa dipethik. Kapisan, pamaca isa mangerteni isi pesen kang tinulis liwat aksara, angka, tembung lan ukara kang jinejer lan rinonce ing wewacan. Nanging ana syarat kang kudu dicukupi, yaiku pamaca kudu ngerti tembung, ukara lan tata basa kang digunakake ana ing wewacan. Gambaran kang gampang, uwong kang ora ngerti tembung lan tata basa Jawa, ora bakal isa methik maksud utowo pesen saka tulisan “Wewacan” iki. Saka kene, apa kang ginagas karo Freidrich Ernst Daniel Schleiermacher babagan grammatical understanding (mangerteni saka tata basa), isa dilakoni menawa syarat-syarat mau bener-bener wis dadi kabisane Sang Pamaca.

Kaping pindho ne, kang luwih jero tinimbang mangerteni saka tata basa, pamaca isa mangerteni kahanan kang memayungi pengarang lan rasa pangrasane rikala wewacan iku ditulis. Tataran iki luwih jero, mulane syarat lan lakune yo luwih abot. Pamaca kudu bener-bener ngerti kahanan, kabudayan lan sesliweraning pikiran ing tengahing masyarakat kang ana ing jamaning panganggit nulis wewacan. Para sejarawan nduwe keyakinan menawa babad kang tinulis ing jaman Mataram lan sakdurunge iku dadi salah sawijining caosan para abdi pujangga kraton kagem ratu kang lagi kuwasa. Keyakinan mau temtu ana lelandesan e kang kuwat. Tanpa milih setuju apa ora karo keyakinane para sejarawan, dheweke wis mesthi nyinau kabudayan kang ngrembaka ana ing jaman rikala babad-babad iku tinulis. Laku kanggo mangerteni kahanan kang mayungi panganggit rikala nulis wewacan iku ana ing Hermeneutika kasebut intuitive understanding.

Dilthey nerangake cara utawa laku kanggo uwong saka jaman saiki kareben isa ngrasakake lan mahami ukara, tembung lan tulisane panganggit kang urip ing jaman mbiyen. Mangkene laku ne:

Let us try to consider the problem of how understanding comes about. Understanding arises when a series of inferences from particular to particular is placed in the service of intuition. When something external is given to me, I must supplement it with an inner thought process. Such a task I can fulfill only by means of analogous cases. I thus need (1) to have experienced a series of similar cases, where similar exteriors are found to have such and such inner states as their ground. Given this initial analogy, (2) an inference from analogy is then applied to one such case. (3) Thus, I obtain a reconstruction.

This is the schema of the process, but it displays itself quite differently in particular instances. It may be my task (1) to understand an event; (2) to structure it historically (the task of the historian); (3) to freely reconstruct life and action. The latter is always accompanied by processes of exclusion and generalization (Dilthey, 1996: 230).

Ana ing pethikan kang tinulis ing dhuwur iku, Dilthey nerangake yen uwong saiki isa bener-bener paham jaman mbiyen menawa isa mangerteni sari pati saka kahanan-kahanan kang khusus kang dumadi ing jaman mbiyen, saengga isa mbayangke. Siji-sijining dalan kanggo uwong saiki kareben isa mbayangke jaman mbiyen yaiku kudu kanthi laku mbandingake karo pengalaman kang sakemper utawa mirip. Saka kene, laku mahami lan mangerteni jaman mbiyen iso dipilah dadi telung perangan:

  1. Nduweni pengalaman-pengalaman kang padha utawa sakemper.
  2. Mangerteni sari pati pengalaman kang sakemper mau kanggo ditrapke ana ing jaman mbiyen kang ditlisik.
  3. Mbayangake urut-urutaning kadadeyan kang awujud rekonstruksi utawa susunan kesejarahan.

Telung perangan laku kang ditemoake lan dijlentrehake Dilthey iku penting banget, kanggo mbedakake antarane ngelmu manungsa karo ngelmu alam. Linge (ana ing Gadamer, 1977: xiii – xiv) nerangake mangkene:

The far-reaching implications of this identification of understanding with scientific understanding can be seen most clearly in the work of Wilhelm Dilthey, whose aim was to establish hermeneutics as the universal methodological basis of the Geisteswissenschaften. Insofar as they adhered to the guidelines of methodical interpretation, the human studies could lay claim to a knowledge of the human world that would be every bit as rigorous as the natural sciences’ knowledge of nature. Like Schleiermacher, Dilthey identified the meaning of the text or action with the subjective intention of its author. Starting from the documents, artifacts, actions, and so on that are the content of the historical world, the task of understanding is to recover the original life-world they betoken and to understand the other person (the author or historical agent) as he understood himself.

Ing pethikan iki Linge nerangake menawa Dilthey sedya mbangun hermeneutika minangka kanggo ngedegé tata laku ngèlmu manungsa (Geisteswissenschaften). Kanthi nganggo paugeraning laku tafsir, ngèlmu manungsa bakal bisa diwenehi palungguhan minangka èlmu sing nyinaoni donya manungsa kang beda naning sejajar karo ngèlmu alam sing nyinaoni alam semesta. Dilthey ngenalake menawa jarwaning tulisan utawa tumindak iku sejatine maksud subyektif saka penganggit. Mahami iku upaya kanggo miyak donyaning urip sanyatane saka sing wis tinulis lan mangerteni maksud wong liya (penganggit utawa lakon sejarah) kaya mangertèni awake dhewe.

Pangerten Schleiermacher lan Dilthey babagan wewacan kang pinethik saka kahanan sing mayungi panganggit, karo Heidegger didadeke lawang kanggo njlimeti laku mangerteni wewacan. Ana ing pikirane Heidegger, wewacan ora mung reroncening aksara, tembung lan ukara, nanging wewacan kudu dianggep dadi wujud saka tekaning panganggit neng ngarepe pamaca. Romo Sastrapratedja (2008) nerangake mangkene:

Dalam berbagai tulisannya pada tahun 1950-an Heidegger bermaksud mengoreksi pengertian tradisional mengenai bahasa sebagai instrumen untuk ekspresi gerak batin atau perasaan serta pandangan dunia. “Bahasa pada hakekatnya bukanlah ekspresi dan bukan aktivitas manusia. Bahasa berbicara. Hakekat bahasa adalah berbicara atau mengatakan. Mengatakan berarti menunjukkan. Terkait dengan “mengatakan” adalah “kemampuan mendengarkan”, sehingga apa yang harus dikatakan dapat menunjukkan diri.. Itulah “peristiwa bahasa” (Spracherreignis). Sebagaimana diungkapkan Palmer: “Language is not an expression but an appearance of being. Thinking does not express man, it lets being happen as language event. In this letting-happen lies the fate of man and also the fate of truth, and ultimately the fate of being”. Pandangan itu sangat penting dalam teori hermeneutik. Hakekat bahasa adalah fungsi hermeneutiknya untuk membawa realitas menampilkan dirinya.

Saka pethikan ing ndhuwur isa dijupuk inti gagasane Heidegger, yaiku menawa basa dudu alat kanggo ngetokake mobah mosiking batin utowo rasa. Basa iku masalah wicara utowo ngandakake. Ngandakake iku artine nduduhke “iki lho aku”.

 

Pangerten kang tambah jembar

Pangerten wewacan iku, saiki wis ngrembaka. Wewacan ing jaman mbiyen pancen diwatesi artine mung kanggo “reroncening tembung lan ukara” kang tinulis, saengga ana istilah “buta aksara” kanggo sedulur sing ora isa maca tulisan. Nanging kasunyataning urip padinan menehi pangerten sing luwih jero, yaiku menawa laku maca iku ora mung katuju kanggo tulisan. Ukara pisanan tulisan “Sang Pamaca”, yaiku “Saben uwong mesthi nate maca”, maksud e kanggo pangerten maca sing jembar.

Kasunyatan kang nelakake menawa wewacan iku jembar, isa kasinau saka bebasan Jawa sawang sinawang. Sak waliking bebasan iku, ana laku maca marang perkara sing wujud e dudu tulisan. Tembung “sawang” yen rinaketake karo jejer, bakal dadi “nyawang”. Ing basa Jawa, nyawang iku artine laku maca marang samubarang kahanan kang ana ing njaban badan wadhage awake dhewe, nganggo mata, mbuh adoh, mbuh cedhak. Contone “Kliwon nyawang omahe Mbah Surip kang miring merga kena lindhu”. Ana ing ukara iku, Kliwon (Jejer) lagi laku “maca” (Wasesa) marang “omahe Mbah Surip” (Lesan).

 

Surip

Saka pengalaman urip padinan, isa dipethik pangerten yen wewacan iku jembar banget, malah isa dikandakake yen jembare ora winates. Wewacan isa wewujudan barang kang isa dineleng nganggo mata lan dinemok nganggo tangan, dinilat ing lathi. Nanging akeh wewacan sing ora maujud barang sawantah lan mung isa dirasakake nganggo ati lan pinikir nganggo utek. Contone akeh, kaya ta nasionalisme, kejawen, lan sapanunggalane.

Asile laku maca barang kang maujud lan ora maujud, ora beda adoh karo laku maca serat utawa reroncening tembung lan ukara kang tinulis. Laku nyawang kang dilakoni Kliwon ngasilake pangerten yang “Omahe Mbah Surip miring amerga lindhu”. Pangerten iki sakemper karo grammatical understanding e Schleimarcher kang dianggo mangerteni isi ukara ana ing serat. Semono uga, intiutive understanding isa ditrapke ana ing sak liyane tulisan. Pitakonan kang ngarahake ana ing panlisikan intiutive understanding, yaiku “Ngapa kok Omahe Mbah Surip mung miring?”. Pitakonan mau gegayutan karo kahanan, omah-omah sak kiwa tengene Mbah Surip, kalebu omahe Kliwon, ambruk merga lindhu. Kanggo njawab pitakonan mau, kudu dingerteni kabudayan lan sesliwerane pikiran rikala omahe Mbah Surip digawe. Ora mung tekan semono, pangoncekan babagan omahe Mbah Surip kudu nganti pamaca isa njawab: ngapa omahe Mbah Surip kang saka kayu ora diganti nganggo tembok ing jaman modernisasi ne Orde Baru? Panelisikan kudu diadani kanthi njlimet lan tekan pangerten yen “Omahe Mbah Surip miring kena lindhu” iku pancen kahanan kang trep lan sakemper, saengga pamaca isa manggut-manggut tandha paham lan ngerti tekan ati.

 

komentar

Sedayu, Ngayogyakarta, Awal Maret 2015

Mbah Sastro

About Sastro Sukamiskin