Pamaca

Pamaca ana ing katrangan babagan grammatical understanding lan intuitive understanding dadi pihak sing aktif. Maksude, pamaca kudu ngetokake kabeh ngelmu lan kasektene kang magepokan karo lesan kang ditlisik, supaya isa nafsir pesan kang kamot ana ing lesan kanthi bener lan pener. Bener ana ing kene maksude wis cocok karo kabeh sumber lan bukti kang iso ditemokake. Pener maksude asil penafsirane dijlentrehake nganggo basa saiki supaya isa dipahami lan dingerteni dening generasi saiki kang bakal maca hasil panlisikan iku. Laku ngetokake kabeh ngelmu kanggo mangerteni kahanan kang mayungi panganggit iku karo Dilthey sinebut reenactment kang kurang luwih artine nguripake kadadeyan jaman mbiyen ing jaman saiki (Anskersmit,1987: 162).

Senadyan pamaca dadi pihak sing aktif, nanging kalungguhane mung kanggo lantaran supaya kadadeyan jaman mbiyen supaya dimangerteni karo generasi saiki. Pitakonane, apa pamaca bener-bener mung dadi lantaran sawantah? Ana ing kene, Heidegger kapencut nlisik kalungguhane pamaca ana ing thek kliwere ikhtiar kanggo mangerteni tulisan saka ing jaman mbiyen. Miturut Heidegger, pentinge pangerten teks ora ming dumunung ing maksud subyektif saka penganggit, nanging utamané sinau mawarna kemungkinan ngembangake diri pribadi pamaca. Laku mahami utawa mangerteni iku sajatine laku nemoke lan ngrembakakake bakat kang nuju dadi pribadi kang diimpeke, nanging durung kasembadan (Heidegger, 1996: 135). Nganggo tembung liya, maca iku dudu laku mangerteni arti mati saka sajroning wewacan, nanging laku miyak mawarna-warna kemungkinan “ananing aku” sing dituduhake dening wewacan (Ricoeur: 2009: 78).

Pamaca dudu mesin kang isa ngetokake arti ukara apa anane, nanging pamaca uga manungsa (being/sein) utawa pribadi kang duwe kesadaran lan pamrih. Nyilih pamikirane Schleiermacher lan Dilthey, pamaca uga nduweni sejarah lan budaya kang bakal dadi pra pemahaman lan mayungi laku ne dheweke rikala ngadani laku mangerteni isining wewacan. Manut Heidegger (1996: 214), pra pemahaman iku ngemot telung perkara, yaiku pengalaman awal (fore having), pandangan awal (fore sight), lan konsepsi awal (fore conception):

Ontological inquiry is a possible way of interpretation which we characterized as a development and appropriation of an understanding. Every interpretation has its fore-having, its fore-sight, and its fore- conception. If such an interpretation becomes an explicit task of an inquiry, the totality of these “presuppositions” (which we call the hermeneutical situation) needs to be clarified and made secure before-hand both in a fundamental experience of the “object” to be disclosed, and in terms of that experience.

Ana ing pethikan kang tinulis ing nduwur, Heidegger medharake menawa inkuiri ontologis (panlisikan ontologis) dadi salah sawijining cara kanggo nafsirke kanthi bener lan entuk pangerten kang pas. Saben tafsiran nduweni pengalaman awal, pandangan awal lan konsepsi awal dhewe-dhewe. Menawa penafsiran cetha dadi tugase panlisikan, totalitas saka “pangira-ira” (kang kasebut kahanan hermeneutis) perlu digawe jelas lan aman sakdurunge, apik ana ing pengalaman dasar babagan “wasesa” dibeberke, uga ana ing pangerten-pangerten babagan pengalaman kuwi dhewe.

Pemikirane Heidegger dikembangake karo salah siji muride kang jenenge Hans-Georg Gadamer (1900 – 2002). Kaya Heidegger, Gadamer uga duwe panyakra yen sakjanjane ora ana pangerten ing njero wewacan iku, nanging gumantung ana ing diri pribadi pamaca. Kalebu yen uwong maca wewacan sejarah:
There is no pure seeing and understanding of history without reference to the present, On the contrary, history is seen and understood only and always through a consciousness standing in the present.

Nevertheless, the concept of historicality, even while affirming this, simultaneously affirms the operativeness of the past in the present: The present is seen and understood only through the intention, the way of seeing, and preconception bequeathed from the past. Gadamer’s hermeneutics and his critique of historical consciousness assert that the past is not like a pile of facts which can be made an object of consciousness, but rather is a stream in which we move and participate, in every act of understanding (Palmer, 1969: 176 – 177).

Saka pethikan ing dhuwur, Gadhamer kaya sing terangke Palmer, ora ana wong kang iso weruh lan ngerti sejarah tanpa duwe pangerten babagan jaman saiki. Sewalike, sejarah didelok lan dimangerteni mung lan tansah kanthi kesadaran saka jaman saiki. Konsep historikalitas, malah luwih negasake babagan iki, karana bebarengan nganggep bener babagan mlakune prakara-prakara warisan jaman mbiyen ing jaman saiki: Jaman saiki isa didelok lan dimangerteni mung kanthi niat, carane ndelok lan konsepsi awal sing diwarisi saka jaman mbiyen. Hermeneutik e Gadamer lan panyarune babagan kesadaran sejarah negasake menawa jaman mbiyen ki ora kaya tumpukan kasunyatan kang isa digawe dadi wasesaning kesadaran, nanging luwih pas menawa jaman mbiyen iku dianggep ilen-ilen kang ing kono awake dhewe melu katut lan melu ngeli. Pandangan babagan ilen-ilen iku kudu ana ing saben laku mangerteni jaman mbiyen.

Gumantunging pangerten utawa jarwa ana ing uwong kang nafsirke ora mung marga jaman saiki kanggo titik awal anggone nafsirke jaman mbiyen, nanging uga marga anane kesadaran menawa jaman saiki iku dipengaruhi karo jaman mbiyen. Ono ing babagan iki, Gadamer (2006: 300) migunakake tetembungan “history of effect” utawa sejarahing pengaruh:

We are not saying, then, that history of effect must be developed as a new independent discipline ancillary to the human sciences, but that we should learn to understand ourselves better and recognize that in all understanding, whether we are expressly aware of it or not, the efficacy of history is at work. When a naive faith in scientific method denies the existence of effective history, there can be an actual deformation of knowledge.

Pethikan ing nduwur njelasake menawa Gadamer ora duwe pamrih utawa karep nggawe sejarahing pengaruh dadi ngelmu kang mandiri ana ing ngelmu-ngelmu babagan manungsa, nanging pingin yang wong kabeh isa sinau mangerteni awake dhewe-dhewe kanthi luwih apik lan sadhar ana ing kabeh pangerten. Embuh awake dhewe nggatekake apa ora, keampuhan/kemujaraban sejarah tetep mlaku. Rikala keyakinan kang naif tumrap tata cara ilmiah ora nggatekake anane sejarah, isa dadi tetenger yen bakal ana owah-owahan wujuding ngelmu.

Panemu menawa pangerten utawa jarwa iku gumantung ana ing uwong kang nafsirke, paling ora nggawa rong akibat. Pisanan, yaiku pangerten duwe sifat diadik. Maksude, pangerten iso muncul mung amerga anane sesambungan antarane rong pihak: wewacan lan pamaca. Sesambungan mau maujud ana ing penafsiran kang temtu wae kanthi laku nyemak utawa manthengi wewacan (Raharjo, 2008: 78). Sesambungan kaya ngono iku salaras karo panjelasane Romo Sastrapratedja (2008) menawa pangerten tumrap wewacan iku tansah digerakake karo pra pemahaman pamaca lan kepentingane dheweke rikala melu nggawe pangerten/jarwaning (sinn) wewacan. Tujuane mangerteni iku sejatine nglebur rong kahanan, kahanan saka wewacan lan kahanan saka pamaca. Uwong kang maca wewacan tansah diwiwiti nganggo pitakonan-pitakonan. Saka kene, sakdurunge mangerti isining wewacan, uwong wis dipengaruhi lan malah dibentuk karo bakat utawa bebakalan ing wewacan kang isa kanggo mbuka pangertene.

Yen dibandingke karo Dilthey, pemikirane Gadamer ana sing beda. Dilthey nganggep yen penafsiran iku dalan kanggo nemoke meneh pangerten (recovery of meaning) kang ilang utawa samar amerga suwening wektu antarane jaman mbiyen karo jaman saiki. Sewalike, Gadamer njelasake menawa sejarah ora isa dianggep barang kang turu lan kudu ditangekake, nanging sejarah ikut tetep aktif lan nduwe pengaruh tumrap jaman saiki (Wirkungsgeschichte). Sakliyane iku, kanthi nganggep menawa mangerti iku nyawijining wewacan karo pamaca, sajatine maca iku laku omong-omongan antarane wewacan karo pamaca.

Akibat kang kaping loro yaiku pangerten duwe sifat multivalen. Maksude, saben wasesa isa duwe pangerten kang akeh banget, gumantung sapa sing maca. Sapa wae sing maca duwe hak lan kemungkinan kang jembar banget kanggo nduweni pangerten kang sifate pribadi lan beda karo pangerten kang disusun lan dibangun karo pamaca liyane. Sing luwih penting, kabeh pangerten iku bener kanggo saben pribadi pamaca.

About Sastro Sukamiskin